Birune langit ijone cemoro, senajan loro isaku mung nrimo
Howo adem neng waduk sermo, dadi seksi kowe cidro
Title : Sermo Ninggal Cerito
Artis : Jihan Audy
Songwriter : Damar Budi Ma'ruf (Redsox DPR)
Album : New Monata Khatulistiwa
Lirik :
Pilu rasane yen kelingan sliramu
Wes saking suwene kowe karo aku
Nanging keno opo kowe tego medot tresno
Aku kurang opo nganti kowe lungo
Biyen janjimu ra bakal ninggal aku
Nanging nyatane janjimu mung palsu
Mung sandiwara cintamu
Wes cukup ngerti wae ro watakmu
Wes ora bakal ngemis neng awakmu
Aku duwe ati duwe harga diri
Lungamu ra bakal tak tangisi
Mung kowe seng ngerti roso ati iki
Aku ora gelem pisah nanging aku pasrah
Kowe seng tak sayang
Sak iki wes ilang kowe mung iso tak sawang
Janji tinggal janji lilakno awaku
Arep piye maneh iki pancen wes nasibku
Kudu medot tresno disekseni howo adem seng neng waduk sermo
Birune langit ijone cemoro
Anyepe banyu jembare sermo
Batinku njerit atiku kesekso
Sliramu di jodoke wong tuwo
Senajan loro isaku mung nrimo
Aku percoyo karma kuwi ono
Howo adem neng waduk sermo
Dadi seksi kowe cidro
dipopulerkan oleh : Sermo Ninggal Cerito REDSOX D.P.R
#JihanAudy #NewMonata #SermoNinggalCerito #RedSox
Email : [email protected]
Produksi : Khatulistiwa Record
Copyright © 2019 Khatulistiwa Record. All rights reserved